Gedhong Agung

Gedhong Agung

Gedhong Agung utawa Pura Kaprésidhènan Yogyakarta utawa Gedung Agung ya iku salah sawijining Pura Kaprésidenan Indonésia kang gunggungé ana enem, saliyané ya iku Pura Nagara lan Istana Merdeka Jakarta, Pura Bogor ing Bogor, Pura Cipanas ing Cipanas, lan Pura Tampak Siring ing Bali. Gedhong Agung duwé carita sajarah kang wigati tumrap pangudi kamardikané bangsa Indonésia.[1] Sajarahé gedhong iki diwiwiti saka idhéné Anthonie Hendriks Smissaert, Résidhèn Walanda kaping 18 ing Yogyakarta (1823-1925),[2] sing duwé kekarepan gawé kantor kanggoné Résidèn Walanda ing Yogyakarta. Wiwit saka kuwi, gedhong iki wiwit diyasa ing taun 1824, lan suwéné nganti kurang luwih 6 taun.[2]

Yasan utama saka gedhong iki minangka yasan kang pisanan diyasa déning arsitèk A. Payen[2] sing dipilih langsung déning Gubernur Jénderal Hindia Walanda nalika wektu semana. Prosès yasané gedhong iki tau kandheg sedhéla amarga ana Perang Dipanagara (1825-1830) kang uga kondhang kanthi jeneng Perang Jawa (Java Oorlog). Sawisé perang rampung, prosès yasané gedhong iki dibacutaké manèh nganti pungkasané ing taun 1832. Yasan iki banjur didadèkaké kantor résidhèn. Yasan iki pernahé adhep-adhepan karo loji gedhé Bètèng Vredeburg. Ing jamané India-Néderlan, gedhong iki kondhang minangka jeneng Loji Kebun, amarga yasan loji kasebut ing palataran ngarep lan mburiné kebak tetuwuhan lan suket-suketan.[2][3]

Nalika ana lindhu ing 10 Juni 1867, yasan Gedhong Agung tau ambruk, banjur déning Résidhèn A.J.P. Hubert Desire Bosch didandani manèh ing taun 1869.[2][3][1]

  1. a b "Istana Yogyakarta | Presiden Republik Indonesia" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2019-02-23.
  2. a b c d e Ragam Penanda Zaman: Memaknai Keberlanjutan Merawat Jejak Peradaban. Yogyakarta: Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. 2017.
  3. a b "Gedung Agung | Jogja Budaya". Situs Budaya Yogyakarta (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2017-10-29. Dibukak ing 2019-02-23.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search